Darmaning Wong Kang Sinau
Wong kang sinau yen ora nurut ing Gusti Allah...
Yen kawruhe dudu kawruh kang saka Gusti Allah...
Yen pitujune ora kanggo Gusti Allah...
Ora bakal berkah...
Lan bakale malah ngregeti ati lan kabeh lahir batin.
Mulane, dhewe kudu bisa sinau manut ing Gusti Allah.
Sinau apa wae kang bisa ngresiki awakdhewe saka apa wae kang elek.
Aja merga sinau mung sinau sinau thok, apa kang diremeni dening Gustin Allah ditinggal lan marai ora berkah.
Urip iku saka Gusti Allah lan kanggo Gusti Allah.
Gusti Allah ingkang Parama Urip iku dhewe kang dumadi sumbering urip lan urip iku dhewe bakale kabeh bali menyang Gusti Allah.
Banyu bisa mili ing donya, kawitane saka dhuwur lan bakale bali munggah maneh.
Apa maneh manungsa kang diparingi luwarkarep mesthine yen ora bali marang Gusti Allah bakale bakal ora bisa urip. Bali kanthi salawase ora mung mampir bali terus ucul maneh amarga Gusti Allah ora kresa marang dheweke saka ingb atine kang reged lan ora tresna ing Gusti Allah lan ing kabeh kang ditresnani dening Gusti Allah.