Darmaning Anak Marang Lêluhur
Marang lêluhur saka bapa lan ibu, awakdhewe kudu bisa anyaur utang. Awit awakdhewe iku kawitaning katitah lumantar ing priyambake kabeh.
Kang kudu dilakoni ya iku kaya mangkene.
1. Kudu bisa ngabêkti.
2. Kudu bisa ngapurani lan njaluk ing pangapura.
3. Kudu bisa ngunggahke swarga. Têgêse, apa kang dosa ing lêluhur yen Gusti Allah isih krêsa ngapurani ya kudu diajabke pangapura. Kabeh kudu dilakoni miturut saguhing salira saka ing Hyang.
4. Kudu bisa nggathukake lêluhur mring titah ingkang kapisan lan kinasih ya iku Kañjêng Nabi Muhammad saw. Ora mung awakdhewe kang ngupaya supaya ginathuk. Ananging, lêluhur uga diupaya supaya ginathuk lan slamêt.
5. Mikul dhuwur mêndhêm jêro. Karo wong liya wae utamane kaya mangkene, apa maneh karo lêluhure dhewe. Rêsik saka calathu ala ing sadêngahing manungsa. Rêsik uga manungsa sakabehe.
6. Kudu bisa andum rejeki. Carane yaiku lumantar dêdana. Nalika awakdhewe durung ana, lêluhur sabisa-bisane ngopeni anak-anake lumantar rêjêki. Mula, awakdhewe kudu bisa ngaturake panuwun yen ana rêjêki sasaguhe awakdhewe ya bisaa andum lumantar dêdana. Bisa awujud panganan, sandhang, bandha apa wae. Mêngko karmapala utawa piwalêse diajabke marang Gusti Allah kanggo para lêluhur. Iklas ing lair lan batin.
7. Ngajabake lan ngajekake. Kirim pangajab utawa pingajining Kur'an kanggo priyambake. Mbok'a kanggo awakdhewe mung sithik cara-carane 1-2 ayat. Nanging, Gusti Allah bisa maringi marang lêluhure awakdhewe kanthi akeh miturut ing krêsa Dalêm. Mula, aja sumêlang. Dilakoni apa kang bisa dilakoni tanpa kêndhat.
Ing kono, nganti awakdhewe mati, yen awakdhewe isih nganggo awak iki kang bisa lair lumantar turun-turuning lêluhur miturut ing garising Allah. Awakdhewe kudu bisa nglakoni iku kabeh sasaguhe awakdhewe. Nalika bisa akeh ya dilakoni akeh. Nalika bisa sithik ya dilakoni sithik. Yen bisa dipêpaki sabên-sabêne sithik-sithik ya ora papa. Ing kono, awakdhewe wis ngupaya lan ngabêkti. Birrul walidayn iku ing agama Islam insya Allah wis bisa kalakon dening awakdhewe. Iku ya awujud panuwun marang lêluhur ya awujud panuwun ing Gusti Allah sing wis krêsa makarya lan ngrumat lêluhur lan turune kabeh nganti tekan ing awakdhewe bisa lair. Alhamdulillahi rabbil alamin, panuwun konjuk ing Gusti Allah.
Cathêtan:
Saka ing kene, utang lan kawajibane awakdhewe marang liyane ya kudu dilakoni awujud pañcayadnya. Marang Gusti Allah, marang Guru, Nabi lan Rasul lan Wali, marang alam lan sadrêma titah kabeh, marang pêpadhaning manungsa uga sakabehe bisa dilakoni. Kabeh ora kudu digawe abot. Barang kang sasaguhe awakdhewe, sithik ya insya Allah ditampa dening Gusti Allah, akeh ya insya Allah ditampa uga. Dadi, kabeh ing pungkasane ya dinggo Gusti Allah mung kanggo sarana utawa lantarane awakdhewe agawe subakarma utawa patindak bêcik marang titah Dalêm kayata sadrêma manungsa. Kabeh ing makarya ya Gusti Allah, kabeh mêngko baline ya marang Gusti Allah. Dadi ora usah sumêlang. Ora prêlu wêdi dicacat utawa piya-piye. Madhêp mantêp marang Gusti Allah insya Allah Gusti Allah kang ora sare bakal paring apa kang bêcik awit mundhaking trêsna marang ati kang suci. Ati bisa suci mêrgA diumbah sabên dina lumantar patindak bêcik lan pangajab. Ati yen rêgêd jênênge klambi wae saben dina diumbah. Ya mangkoko uga jênênge ati kudu diumbah rêsik. Saora-orane kudu diupayakake supaya rêgêdane ora numpuk lan dadi nggilani. Dadi atos lan angel mêngko yen ameh ngrêsiki. Yen digawe paribasan jênênge dicicil supaya mêngko yen bali marang Gusti Allah salawase mêngko wis insya Allah bisa kasawang rêsik. Ora dadi prakara yen manungsa nyawange rêgêd. Mêrga ati ora disawang mripate manungsa ananging ditingali Gusti Allah kang pirsa kabeh-kabehe. Ora usah susah ora usah sumêlang.